JAKARTA, iNews.id - Contoh teks MC Bahasa Jawa pengajian berikut ini bisa dijadikan sebagai referensi. Penggunaan bahasa daerah masih kita temukan di berbagai kegiatan ataupun suatu acara.
MC merupakan kata yang berasal dari Bahasa Inggris yakni Master of Ceremony. Sementara dalam Bahasa Indonesia dapat diartikan sebagai pembawa acara.
Baca Juga
12 Contoh Teks MC Isra Mi'raj: Memulai Acara dengan Penuh Khidmat
Adapun dalam Bahasa Jawa, MC juga memiliki istilahnya sendiri, yaitu pranatacara atau seseorang yang bertugas untuk memandu sebuah acara.
Contoh kegiatan pranatacara adalah pengajian. Agar acara tersebut berjalan lancar, maka diperlukanlah suatu teks MC berbahasa Jawa.
Baca Juga
3 Contoh Teks MC Seminar Singkat, Tampil Percaya Diri Bawakan Acara!
Melansir berbagai sumber, Sabtu (8/2/2025), berikut contoh teks MC Bahasa Jawa pengajian yang bisa jadi referensi.
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Pengajian
1. Contoh Teks MC 1
Assalamu’alaikum wr wb.
Baca Juga
3 Contoh Teks MC Akad Nikah dan Susunan Acaranya, Bisa Jadi Referensi
Alhamdulillah washolatu wasalamu ala rasulillah sayyidina muhammad ibni. abdillah waala alihi wasahbihi waman walah.
Allahumma sholli wa sallim ‘ala sayyidina muhammad, wa ‘ala ali sayyidina muhammad, miftahi babi rohmatillah, ‘adada ma fi ‘ilmillah, sholatan wa salaman da-imaini bidawami mulkillah. Amma badu, wala haula wala kuata illa billah.
Dhumateng para sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu kinabekten
Bapak lurah saha para pangembating praja ingkang satuhu kinurmatan
Wonten ngarsanipun, Romo Kiai ..... ingkang kulo lan panjenengan sedaya, cadong menggah berkah ngilmuipun
Lan ugi sedaya rawuh, kakung saha putri, ingkang satuhu kula tresnani
Kaping sepindah, monggoh kulo lan panjenengan sedoyo, ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah. Amargi kanti kerahmatan dan kasihatan saking Allah, kita sedoyo saget ngrawuhi adicara pengetan wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw. menika, tanpo alangan setunggal punopo.
Kaping kalih, mugi sholawat saha salam Allah, katetepaken dhumateng junjungan kita, Gusti Rasul Muhammad Saw. Utusan ingkang sampun mbeto kita sedoyo tumuju zaman ingkang becik menika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek ingkang kawulo hormati, kulo teng mriki minangka pranatacara, bade waosaken reroncening adicara ing ndalu meniko.
Kaping sepindah, pambuka
Kaping kalih, ........
Kaping ketiga,....
Lan ingkang pungkasan, panutup.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, monggo kito wiwiti adicara maulid nabi menika kanthi waosan ummul kitab....
Ala hadiniyah wa kulli niatin sholihah....
[Membaca Al-Fatihah bersama-sama]
Kulo aturaken agung panuwun, mugi kanthi waosan ummul kitab menika, adicara ing dalu meniko saget lancar dumugi akhir.
Adicara ingkang kaping kalih inggih puniko
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara maulid Nabi Muhammad Saw, saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.
[Bacaan Hamdalah]
Ing wasana, kathah klenta-klentunipun atur saha tindak-tanduk, estu kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.
Cekap semanten,
Wabillahi taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum wr. wb.
2. Contoh Teks MC 2
Assalamu’alaikum wr wb.
Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta'inu ala umuridunnya wadin washolatu wasalamu ala asrofil ambiyai walmursalin waala alihi wasohbihi ajmain ama badu.
Dhumateng para sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu kinabekten
Dhumateng bapak lurah saha para pangembating praja ingkang satuhu kinurmatan
Wonten ngarsanipun, Romo Kiai ..... ingkang kulo lan panjenengan ento-ento wejangan uga berkah ngilmuipun
Dhumateng sedaya kiai lintunipun, ingkang mboten saget kulo sebat setunggal menggah setunggal asma karim ipun
Mboten supe, para rawuh, sedaya kaum muslimin lan muslimah, ingkang satuhu kula tresnani
Ing kalodangan punika, monggoh kita sepindah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Amargi kanti kawelasanipun, kita sedaya saged pinanggih manunggal wonten ing papan lan wekdal punika saperlu nindakaken adicara pengetan wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw. tanpo alangan setunggal punopo.
Ingkang salajengipun, sholawat saha salam Allah, mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Gusti Rasul Muhammad SAW, ingkang tansah kulo lan panjenengan ento-ento syafaatipun ing yaumul kiamah. Aamin.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo matur minangka pranatacara bade waosaken reroncening adicara ing ndalu meniko.
Kaping sepindah, pambuka
Kaping kalih, ........
Kaping ketiga,....
Lan ingkang pungkasan, panutup.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, monggo kito wiwiti adicara maulid nabi menika kanthi waosan ummul kitab....
Ala hadiniyah wa kulli niatin sholihah....
[Membaca Al-Fatihah bersama-sama]
Kulo aturaken agung panuwun, mugi kanthi waosan ummul kitab menika, adicara ing dalu meniko saget lancar dumugi akhir.
Adicara ingkang kaping kalih inggih puniko
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara maulid Nabi Muhammad Saw, saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.
[Bacaan Hamdalah]
Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun, estu nyuwun agunging samudra pangaksami.
Kulo cekapi,
Wabillahi taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum wr. wb.
Editor: Komaruddin Bagja