JAKARTA, iNews.id - Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa menyentuh hati berikut ini bisa jadi bahan renungan dan introspeksi diri saat hari kemenangan. Penyampaian khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dapat lebih mudah dipahami oleh masyarakat asli penutur bahasa Jawa.
Meski menggunakan bahasa daerah, khutbah Idul Fitri bahasa Jawa dapat disampaikan dengan bahasa yang baik dan santun.

Baca Juga
Khutbah Idul Fitri 2025 Sedih, Membuat Jamaah Berderai Air Mata
Adapun berikut ini khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa menyentuh hati bisa dijadikan sebagai referensi dilansir dari berbagai sumber, Sabtu (29/3/2025).
Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Menyentuh Hati
Judul: Njagi Kerukunan Antawis Umat Islam
Khutbah I
Baca Juga
Khutbah Idul Fitri 2025 Menyentuh Hati: Membuka Pintu Maaf, Pererat Ukhuwah
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَ هُ صَدَقَ وَعْدَ هُ وَ نَصَرَ عَبْدَ هُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَ هُ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَ لاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْن ، وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُنَافِقُوْنَ ، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا. اَللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا لاَحَ هِلاَلٌ وَأَنْوَارٌ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
Baca Juga
Khutbah Jumat Akhir Ramadhan Singkat Terbaru Menyentuh Hati, Lengkap Doa Penutup
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا مَعَاشِرَ الْحَاضِرِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ قال فى القُرءانِ العَظيمِ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ وَاعْلَمُوْا أَيضاً أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ وَعِيْدٌ مُبَارَكٌ سَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أُحِلَّ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامُ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامُ
Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah
Baca Juga
Khutbah Idul Fitri 2025 Sedih, Membuat Jemaah Berderai Air Mata
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo kito dumateng Gusti Allah, amergi gesang kito mboten saget ucul saking perkawis ingkang dipun perintahaken lan dipun cegah Gusti Allah; tegese ingkang sifate perintah kedah dilampahi, lan cecegahan kedah dipun tebihi lan tilaraken.
Gusti Allah dawuh:

Baca Juga
3 Contoh Khutbah Idul Fitri 2025 Singkat, Padat dan Mengharukan Cocok Dijadikan Referensi
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
Artosipun: Sopo wonge taqwo marang Gusti Allah, mongko Allah bakal ndadeaken urusane dadi gampang
Poro Jamaah Idul Fitri ingkang minulyo
Kedah kito mangertosi bilih dinten riyadin meniko setungggaling bentuk syiar Islam. Monggo kito bentengi lan jagi kerukunan soho kekompakane umat Islam kelawan makempal ing dinten riyadin meniko.
Nopo malih zaman sakmeniko katah cubo lan tantangan kados kabar palsu, adu-adu, guneman olo wonten pundi kimawon ingkang saget nyebabaken persulayan lan perpecahan.
Pramilo, coro ingkang langkung sae damel njawab tantangan nggih meniko kelawan silaturahmi, ngeraketaken seduluran. Gusti Allah dawuh:
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا
Artosipun: Lan cecekelano siro kabeh kelawan taline Gusti Allah (agomo), lan siro kabeh ojo podo pisah/ bubar (QS. Ali Imran: 103)
Sahabat Ibn Mas’ud nafsiraken “hablillah” tegese “jamaah utawi perkumpulan” kados dene Rasulullah nate dawuh wonten setunggale hadits ingkang diriwayataken saking Ahmad, Tabrani lan Baihaqy:
اَلْجَمَاعَةُ رَحْمَةٌ وَالْفُرْقَةُ عَذَابٌ
Artosipun: Perkumpulan (ingkang kompak) minongko rahmat lan pisah minongko adzab
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo
Dalil-dalil ingkang kasebat maringi kito pengaweruh bilih Gusti Allah lan Rasulullah merintahaken dumateng kito sedoyo supados njagi kerukunan, kompak serto nebihi perkawis ingkang nyebabaken pisah, persulayan.
Ananging lamun persulayan mboten saget dipun tebihi, mongko dipun saranaken pados titik persamaane, sanes persulayane. Kranten persulayan saget nyebabaken pisah antawisipun umat Islam.
Cita-cita kito sedoyo nggayuh rukun, guyub saget dipun wujudaken milai saking kito piyambak, lajeng dipun contohaken dumateng putro wayah, lan masyarakat.
Sinaoso mekaten kito ampon rumongso putus asa, kranten ngawali perkawis ingkang sae kedah sabar, nindakaken akhlakul karimah lan telaten.
Wonten kitab Mu’jam Al-Kabir anggitanipun Imam Tabrani nyebutaken:
وروى الطبراني في «الكبير» عن ابن عمر عن النبي - ﷺ - قال: «خَيْرُ النّاسِ أحْسَنُهُم خُلُقًا
Artosipun: Saking Ibn Umar saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun ngendiko: sak apik-apike menungso yoiku sing paling apik akhlake
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ
Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah
Dinten ingkang katah keberkahan meniko ampon ngantos kito gunaaken pamer babakan dunyo, sehinggo nyebabaken tiyang lintu minder lan iri. Kranten sejatine riyadin niku sanes enggale ageman utawi pakaian, ananging raos takwo dumateng Gusti Allah ingkang soyo tambah.
Monggo kito dadosaken riyadin meniko momentum wangsule kito sedoyo dados resik lan suci saking perkawis ingkang kotor. Ugi wonten riyadin meniko kito ginaaken silaturahim, sowan dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi kagem nyuwun agenge pangeksami, nyuwun ngapuro kaliyan lintune.
Mugi-mugi Gusti Allah maringi kito sedoyo kanugrahan, pengapuro lan ndadosi kito sedoyo seduluran ingkang mbarokahi dunyawi ukhrawi. Amin ya rabbal ‘alamin.
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Editor: Komaruddin Bagja